Nata Praja Kusumaning Bangsa

"Hai orang-orang yang beriman, Bertaqwalah kalian kepada Allah dengan (wasilah) mengatakan perkataan yang meneguhkan (hati). (Dan jika kalian telah memenuhi hal tersebut) maka niscaya Allah akan memperbaiki bagi kalian amal perbuatan kalian dan akan mengampuni bagi kalian dosa kesalahan kalian. Dan barang siapa yang mentaati Allah dan Rasul-Nya maka dia akan mendapat kemenangan yang agung" (QS. Al Ahzab 70-71)

Suluk Plenchung, Para ratuning Dhedhemit

Suluk Plenchung / Suluk Dhanghyangan

Di bawah ini adalah suluk ataw kidung Pangeran kang rumeksa, biasa disebut suluk plencung. Konon jika dibaca maka ada manfaatnya.
1. menolak balak
2. menghilangkan semua penyakit
3. kadang, jika dalam pembacaan kidungnya benar maka akan langsung di datangi para danyangan/ danuang atau energi leluhur yang ada di tanah jawa... karena mengingat asi dari pada suluk yang istimewa dan suluk ini kono dibuat oleh Sunan Kalijaga.
4. Bersiap untuk mendapati keberkahan hidup yang baru.
NB: ada teman saya pernah membaca tengah malam dngan pupuh sinom dan ternyata memang banyak danuwang yang datang untuk silaturohmi.



DHANGHYANGAN
[Para Ratuning Dhedhemit Ing Nusa Jawi]

Pupuh Sinom:

1. Apuranen sun angetang, lelembut ing nusa Jawi kang rumeksa ing nagara, para ratuning dhedhemit, agung sawahe ugi yen eling sadayanipun, pedah kinaya tulah, ginawe tunggu wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi tawa.
2. Kang rumiyin ing bang wetan. Durganeluh Maospahit lawan Raja Bohureksa iku ratuning dhedhemit Blambangan kang winarni awasta Sang balabatu, aran Butalocaya, kang rumeksa ing Kadhiri, Prabuyeksa kang rumeksa Giripura.
3. Sidagori ing Pacitan, Kaduwang si Klenthingmungil Endrayaksa ing Magetan, Jenggala si Tujungputih, Prangmuka Surabanggi. Pananggulang Abur-abur Sapujagad ing Jipang, Madiyun si Kalasekti, pan si Koreb lelembut ing Pranaraga.
4. Singabarong Jagaraga, Majenang Trenggilingwesi, Macan guguh Garobogan, Kalajangga Singasari, Sarengat Barukuping Balitar si Kalakatung, Butakurda ing Rawa, Kalangbret si Sekargambir, Carubawor kang rumekso ing Lamongan.
5. Gurnita ing Puspalaya, si Lempur ing Pilangputih, si Lancuk aneng Balora, Pagambiran Kalasekti, Kedhunggene Ni Jenggi, Ki Bajangklewer puniku ngLangsem Kalabrahala Sdayu si Cicingmurti, Ki Jalangkah ing Candi Kahyanganira.
6. Semarang Baratkatiga, Pakalongan Gunturgeni, Pecalang si Sambangyuda, Sarwaka ing Sukawati ing Padhas Nyai Ragil, Jayalelana ing Suruh Butatrenggiling Tegal, ing Tegal si Guntinggeni, Kaliwungu Gutukapi kang rumeksa.
7. Magelang Ki Samaita, Dhadhungawuk Geseng nenggih, Butasalewah ing Pajang, Manda-manda ing Matawis, Paleret Rajekwesi, Kuthagede Nyai Panggung, Pragota Kartasura, Cirebon Setankoberi, Jurutaman ingkang aneng Tegallayang.
8. Genawati ing Seluman, Ki Kemandhang Wringinputih, si Karetek Pajajaran, Sapuregel ing Betawi, Ki Drusul ing Banawi, ingkang aneng Gunung Agung, Ki Tlekah ngawang-awang Ki Tapa ardi Marapi, Ni Taruki ingkang ana Tunjung Banag.
9. Setan kareteg ing Kendal, Pamasuhan Sapuangin, Kresnapada ing Rangkudan, Ni Pandansari ing Srisig, kang aneng Wanapeti, Palangkaarsa wastanipun, Ki Candung ing Sawahan, Plabuhan Ki Dudukwarih, Batutukang kang aneng Palayangan.
10. Ni rara Aris ing Bawang, ing Tidar Ki Kalasekti, Ki Padureksa Sundara Ki Jalela ardi Sumbing, Ngungrungan Kesbumurti, Ki Krama ardi Rebabu, Nirbangsan ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir, Ajidipa gunung Kendheng kang den reksa.
11. Ing Pasisir Butakala, ing Tlacap si Kalasekti, Kalanadhah ing Banyumas, Sigaluh aran Prenthil Banjaran Ki Wewasi Kyai Korog ing Lowanu, gunung Duk Geniyara, Nyai Bureng Parangtritis, Drembamoha ingkang aneng Prabalingga.
12. Ki Kerta Sangkalbolongan, Kedhungandhong Winongsari ing Jenu Ki Karungkala, ing Pengging Banjaransari, ing Kedhu kang nenggani, anamaa Ki Candralatu, Gunung Kendhalisada Kethekputih kang nenggani, Butaglemboh ing Ayah kahyanganira.
13. Ni Rara Dhenok ing Dewak, ing Tubin Nyai Bathithing ing Kuwu Ki Juwalpayal, si Jungkit ing Guyanag nenggih, Trenggalek Ni Daruni, Tunjungseta Cmarasewu, Kalawadung Kenthongan, Jepara Ki Wanengtaji, Bagus Anom ing Kudus kahyanganiraa.
14. Magiri Ki Manglarmonga, ing Gading Ki Puspasari Ketanggung Ki Klanthungwelah, Brengkalan si banaspati, Ni Kopek ing Manolih, ing tengah si Sabukalu, Nglandhak Ki Mayangkara, si Gori Kedhungcuwiri, Baruklinthing ingkang ana ing Bahrawa.
15. Sunan Lawu ing Argapura, ing Bayat si Puspakati, Cucukdandang ing Kartikan, kulawarga Tasih Wedhi, kali Opak winarni, Sanggabuwana ranipun, si Kecek Pajarakan, Cingcinggoling Kaliwening, ing Dhahrama Ulawelang kang rumeksa.
16. Kang aneng Kayulandheyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng RobanSungujaya Udanriris, Sidarangga Dalepih, si Gadhung Kedhunggarunggung, kang neng Bajanegara, Citranaya kang nenggani, Genapura kanaan aneng Majapura.
17. Ki Logenjang ing Juwana, ing Rembang si Bajulbali, Ki Lender ing Wirasaba, Madura Ki Butagrigis, kang ngreksa ing Matesih Jaranpanolih ranipun, Ki Londir Pacangakan, si Landhep ing Jataisari, Ondar-andir ingkanag aneng Jatimalang.
18. Arya Tiron ing Lodhaya, Sarpaabangsa aneng Pening, Perangtandanag ing Kasanga, ing Crewek Ki Mandamandi setan telagapasir, ingkang aran Ki Jalingkung, Kalanadhah ing Tuntang, Bancuri Kalabancuri, kang rumekso sukune ardi Baita.
19. Ragadungik Randhulawang, ing Sendhang Retna Pengasih Butakapaa ing Prambanan, Bok Sampurna ardi Wilis, Raden Galinggangjati kang rumeksa Gajahmungkur, si Gendruk ing Talpegat, Ngembet Raden Panjisari, Pagerwaja kang aran Udakusuma.
20. Ki Penthul ing Pakacangan, Cangakan si Dhodhotkawit kalangkung ing sektinira, titihane kudha putih, cakra payungireki lar waja kekemulipun, pan sami rinajegan, respati rajege wesi, camethine pat-upate ula lanang.
21. Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali mengetan mangidul, panyaberneki, lara prapta ambalik, tinulak bali mangidul ngulon banyabetira ana lara teka bali, pan tinulak mangulon bali kang lara.
22. Mangalor panyabetira, ana lara teka bali, mangalor balitinulak anulya nyabet manginggil, lara prapta ambalik tinulak bali mandhuwur nulya nyaber mangandhap, ana lara teka bali, pan tinulak larane bali mangandhap.
23. Dhemit kang aneng Jepara, lan dhemit kang aneng Pati kalangkung kasektenira, Juweyawastanireki, Gus rema Tambaksuli, Kudhapeksa ing Delanggung, Ki Klunthung Ringinpethak, Ni Gambir ing Glagahwangi, si Kacubung Kadilangu kang den reksa.
24. Ni Duleg ing Pamancingan, Guwa langse Nini Suntring, kang rumeksa Parangwedang raden Arya Jayengwesti, kabeh urut pasisir, kulawarga Nyai Rara Kidul, sampun pepak sadaya, paraa ratuning dhedhemit, nusa Jawa pangeran kang rumeksa.

1 komentar:

wachid mengatakan...

Posting Komentar